06 Februari 2009

tes wawancara tip n trik versi jowo

Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, tengah melakukan beberapa tes wawancara untuk "*tidak*" menerima calon karyawan baru, tentu saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yg nDaksempurna)..

Bagi yang tidak memahaminya nggih nyuwun sewu ... Boso Jawi ...Meniko
G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
kamu sudah punya rumah atau belum?
A : dereng....
 belum.....
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
 wah..kamu ndak bisa ketrima di sini
a : Lho kok ngaten........?
 lho kok begitu...???
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
 Nanti kamu pasti ngajuin   utang ke perusahaan...
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
  ah...ndak kok, sebenernya orang tua saya sudah kaya raya....
G : Yo malah ora ketompo
 .....ooo malah ndak ketrima...
a : Lho kok ngaten.....?
  lho kok begitu....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
 Nanti kamu kerja cuman buat hiburan, cuman nongkrang-nongkrok thok... #@*!

G : Kowe nduwe motor opo ora....?  Kamu punya motor ndak...?
b : Mboten.
  ....tidak punya....
G : Ora ketompo
 ....Tidak diterima.....
b : Lho kok mboten ketompo ?
....lho kok ndak ketrima...???
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
 ...Nanti kamu pasti minta bantuan kredit...
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo
beto ngriki. ... Sebenernya punya, cuman masih di kampung, gampang nanti saya bawa ke sini...
G : Wah malah ra ketompo....
 Wah....malah ndak diterima...
b : lho kok ngoten
.........lho kok begitu..???
G : Tempat parkire wis ra cukup.
  Tempat parkirnya udah penuh.....

G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?  Bener kamu udah lulus sarjana?
c : sampun pak....
 Sudah, Pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén
mbayarémurah   gak diterima, di sini cari yang cuman lulusan SMA aja, lebih nurut dan biar bayarnya murah....
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
  sebenernya saya masih belum kelar skripsi...
G : Malah ora ketompo.....
 lebih ndak diterima...
c : Lho kados pundi to....?
  lha gimana sih......?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék
kerjo neng perusahaan liyo.   Nanti kamu kerja cuman ngetik skripsi, dan nanti kalo udah lulus pasti nyari kerja di tempat laen.........

G : Kowé seneng guyon opo ora ?  Kamu suka becanda nggak?
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
 Tidak, Pak. Saya serius kalo kerja.
G: Ra ketompo.....
 Tidak diterima....
d : waa......kok ngoten?
  waa....kok gitu?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
 Nanti temen-temenmu dan anak buahmu pada stress..
d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
 Sebenernya ya, sedikit-sedikit suka becanda....
G: Malah ora ketompo.
 Malah ndak diterima....
d : Lho kok......
 lho kok..??
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu.......
 Nanti kamu cuman e-mail-emailan yang lucu...

G : Kowé mau mréné numpak opo ?  Tadi dateng ke sini naek apa?
e : Nitih mobil
... Naik mobil...
G : Kowé ora ketompo
  Kamu ndak diterima...
e : Sebabipun ?
  sebabnya ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
  Sekarang BBM naik terus, nanti kamu minta naek gaji terus..
e : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
.... Wo.. tadi saya cuman ngikut temen, kok...
G : Tambah ora ketompo
  makin ndak diterima...
e : Lho, lha kok ... ?
 Lho, lha kok...?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi !
 Nanti cuman bisanya ngikut mobil kantor.... Ngerepotin!  *&$@!


G : Anakmu akèh opo sithik ?
  Anakmu banyak apa sedikit?
f : Kathah pak
  banyak, Pak...
G : Kowé ora ketompo
  Kamu ndak diterima..
f : Sebabipun ?
  Sebabnya..?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
  Kamu kerja ndak konsen, cuman mikirin bikin anak meluluu.....
f : Lha wong namung anak adopsi, kok.
  Lha wong cuman anak adopsi, kok...
G : Tambah ora ketompo
  Makin ndak diterima....
f : Lho, lha kok ... ?
 Lho, lha kok...?
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé
  Bikin anak aja males, apalagi kerja.....


G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
 Kamu dah tahu kerjaanmu belum?
h : Dèrèng
  Belum
G : Kowé ora ketompo
 Kamu ndak diterima
h : Sebabipun ?
 Sebabnya
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
  Mau kerja kok ndak tahu kerjaannya...
h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
 Ooo...kalo kerjaan itu sudah tahu kok...
G : Tambah ora ketompo
  Makin ndak diterima...
h : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?
  Kamu kan cuman mau sok tahu.. kan ???


G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung
  Kamu tahu keadaan kantor ini belum?
k : Dèrèng
  Belum
G : Kowé ora ketompo
  Gak diterima
k : Sebabipun ?
 Sebabnya..?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?
  Mau kerja kok ndak tahu kantornya?
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
  Wah... sedikit-sedikit sudah tahu kok.....
G : Tambah ora ketompo
  Makin ndak diterima
k : Lho, lha kok ... ?
 Lho...???
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?
 Kamu senengnya ngubek-ubek gosip kantor kan ?

G : Kowé kerep loro ?   Kamu sering sakit?
m : Mboten
  Tidak
G : Kowé ora ketompo
 kamu ndak diterima
m : Sebabipun ?
 Sebabnya?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
 Pasti bakal sering bolos, lha wong jarang sakit...
m : Wah, sakjanipun nggih asring
 Ya..sebenernya ya sering...
G : Tambah ora ketompo
 Makin ndak diterima....
m : Lho, lha kok ... ?
  Lho..?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren
  di sini ndak mempekerjakan karyawan penyakitan....


G : Kowé biso main Internét ?
  Kamu bisa pake internet?
n : mBoten
  Ndak bisa
G : Kowé ora ketompo
  Kamu ndak diterima
n : Sebabipun ?
  Sebabnya
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
  Di sini ndak nerima orang BI
n : Wah, sakjanipun nggih saged
 Wah...sebenernya sih bisa..
G : Tambah ora ketompo
 Makin ndak diterima
n : Lho, lha kok ... ?  Lho..?

G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to?
Ngenték-entekké pulsa !   Pasti bakalan ndak kerja, kebanyakan pake internet, kan ? ngabisin pulsa!!!!


G : Kowe waras opo ora?
 Kamu waras apa tidak ?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
  Lha, saya ya waras dong, Pak....
G : Ra ketompo.......
  Tidak diterima...
o : Kenging nopo .....?
 Kenapa?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
 Nanti kamu pasti ndak krasan di sini....
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
  Itu dulu, Pak.... sekarang sih sudah rada gila...
G : Malah ra ketompo......
  Makin ndak diterima...
o : Pripun to niki....?
  Wah..gimana sih?
G : Mengko aku duwe saingan..........
 Nanti aku punya saingan.....



1 komentar:

Anonim mengatakan...

waduh.. iki guyonane... mboten ketompo wes pokoke..